Teks Deskripsi Gamelan dalam Bahasa Jawa Ngoko Alus

6 komentar
Daftar Isi [Tampilkan]

Teks deskripsi Bahasa Jawa hakikatnya masih sama dengan kaidah teks deskripsi pada bahasa lainnya, tetapi yang membedakan hanyalah bahasa yang dipakai. Dalam wacana deskripsi Jawa digunakan berbagai bahasa seperti krama alus, krama inggil, ngoko alus, atau ngoko inggil.

Supaya kamu bisa lebih mengetahui dan memahami bagaimana bentuk teks deskripsi mengenai Alat Musik Gamelan ini kamu bisa membaca teksnya dibawah ini. Selain itu kamu juga bisa membaca contoh lainnya pada Teks Deskripsi Sumpil.


Wacana Deskripsi Alat Musik Gamelan dalam Bahasa Jawa


Teks Deskripsi Gamelan dalam Bahasa Jawa, bukusemu

Gamelan yaiku salah sawijining alat musik tetabuhan tradisional saka Indonesia sing biasane dinggo ngiringi tembang, utowo dinggo ngiringi wayang. Ing adat jawa, masyarakat jaman biyen sakdrunge mainke gamelan wajib ngadakake ritual sesajen.

Miturut kepercayaan Jawa, gamelan digawe dening dewa sing mrentah tanah Jawa, yaiku Sang Hyang Guru sing manggon ing Gunung Mahendra utawa saiki luwih misuwur minangka Gunung Lawu. Dadi ing jaman kuna, gamelan digawe lan digunakake kanggo komunikasi dewa-dewa liyane.

Gamelan digunakake minangka sarana upacara adat utawa keagamaan. Amarga gamelan nduweni nilai-nilai religius sing bisa maringi suasana adem lan tentrem. Gamelan uga digunakake kanggo sarana dakwah ing islam. Lan biasane gamelan uga dinggo ngiringi wayang utowo ketoprak.

Ndamel gamelan iku ora gampang, amargi mung para pengrajin sing sampun paham sing saget ndamel. Wong sing bisa mainke gamelan uga wong sing sampun mangerteni gamelan utawa wong sing sepuh sepuh. Biyen tasih katah bocah sing bisa mainke gamelan, nanging sak niki katah bocah sing ora bisa mainke gamelan.

Sak durunge nggawe gamelan para pengrajin gamelan ing daerah jawa kudu ngadakake ritual. Ritual kasebut yaiku ritual gongso utowo đisebut ritual keselamatan gamelan. Para pengrajin kudu nglakoni pasa senin kamis sak durunge nggawe gamelan. Para pengrajin percaya yen ritual iku bisa maringi kelancaran lan dadi ritual kang wajib dilakoni.

Ing jaman biyen, ora saben wong bisa mainke Gamelan. Mung para abdi dalem pilihan sing bisa dadi penabuh gamelan sing disebut niyaga. Para abdi dalem iku kudu nglakoni ritual pasa lan ngresiki awak sadurunge mainke gamelan. Sak lajengipun ana kegiatan sing kudu dilakoni yaiku para abdi dalem sak durunge pementasan yaiku kudu nggawa kurban utowo sesajen.

Kabeh perkara sing ana gegayutan karo mistik sing ana ing gamelan, kayata: kudu nggawe kurban sadurunge kinerja, kudu ngadusi gamelan, lan kudu pasa sak durunge nggawe lan mainke gamelan. Ritual iku ing jaman biyen katah sing pada percaya lan ngelakoni. Nanging sak niki para pengrajin ana sing percaya lan ora. Biasane wong jawa tasih migunakake ritual menika. Sebab katah sesepuh sing tasih percaya lang ngurmati leluhur.

Sesajine yaiku pitik ingkung, sego tumpeng, lan gedhang. Tradisi iki mbiyen kerep dilakoke karo keraton sadurunge nggawe gamelan sing arep didadekne benda pusaka. Ritual iki mung dadi wujud syukur lan permohonan supaya nggawene gamelan lancar. Nanging ing zaman saiki, ritual sing dilakoake abdi dalem keraton Surakarta sadurunge nggawe gamelan iki wis langka.

Alat musik gamelan ing jaman sing uwis modern niki uwis ora katah sing nggunakake ritual-ritual kangge ndamel gamelan amarga masyarakat uwis ora percoyo kalih hal-hal sing mistis. Sesaji lan ritual kayata kudu ngadusi gamelan uwis ora katah sing nglakoni malih amarga wong-wong wis ora nganggep penting hal-hal sing mistis kui. Nggunakake alat musik gamelan ing jaman saiki mboten dibatesi, mboten sami kalian ing jaman mbiyen sing mung abdi dalem sing saged nggunakake.

Related Posts

Komentar

  1. Wow artikel yang sangat bagus KAk. Penggunaan bahasa daerah dalam artikel ini sangat saya apresiasi. Bagus dan Jelas bahasanya.

    Informasi tentang Gamelan sendiri sangat lengkap.

    Terima kasih kak artikel dengan penggunaan bahasa daerah sangat jarang saya temui baru kali ini ada hehehe. TErus semangat kak Lanjutkan.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Memang bahasa daerah harus selalu diperhatikan dan dilestarikan supaya tidak terpendam begitu saja sampai hanya menjadi sebuah kenangan semata. Terimakasih juga kak karena sudah berkunjung

      Hapus
  2. mau tanya sebenarnya bahasa jawa itu apakah beragam. katanya ada tingkatanya dan ada bahasa ngoko alus ngoko kasar. sedankan ngoko itu apa. oh iya sebaiknya tulisan di atas di kasih terjemahan ke b.indo di karenakan tidak semua orang mengetahui bahasa tersebut seperti saya ;)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Bahasa Jawa memang beragam kak yaitu ngoko alus, ngoko inggil, krama alus, dan krama inggil dan pastinya semuanya ada fungsi khususnya masing-masing kak.

      Kalau ngoko itu salah satu bentuk bahasa jawa yang lebih sering digunakan dalam berkomunikasi ke teman sepelantaran atau adik, berbeda dengan krama yang lebih halus dan biasanya digunakan untuk berbicara dengan orang yang lebih tua.

      Baik kak, terimakasih atas masukannya :)

      Hapus
  3. makasih karena sudah membantu mengerjakan tugas :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. sama-sama kak, semoga dapat membantu menyelesaikan tugasnya

      Hapus

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter